Popular posts

Selamat Datang di Blog Saya

Airbus A380

Airbus A380 Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas Airbus A380 Airbus A380 Singapore Airlines (Oktober 2009) ...

Daftar Blog

Translate

Pages - Menu

About

Blogroll

On Jumat, 31 Maret 2017


Karyaku :


TEKS PIDATO

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 20 Malang
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Hadirin ingkang kulo tresnani

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad S.A.W. Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan ing lapangan kanti sehat  walafiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi kudu kita jaga sedaya. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara yaiku njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yaiku lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga  menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang kepenak lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang kathah ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah menawi sekolah kita resik warga sekolah dados nyaman lan betah ten sekolah. Dampak positif yaiku kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments